Kaweruh Djowo WUWUHAN BAB PAMBIRATING GANDA ALA BISA ANGGANDA ARUM
Surya Media Indonesia, Kaweruh Djowo
' WUWUHAN
BAB PAMBIRATING GANDA ALA
BISAA ANGGANDA ARUM
*********"*************************
Bab pambirating ganda ala, bisaa anganda becik, saiki aku wis oleh sesurupane, saka pamejange sawijining guruku, samengko ngelmu mau kagelarake ing kene, katambahake nunggal ana sajroning Wirid iki, manggon ing pungkasan.
Dene asale ngelmu mau, kacarita ing kuna saka wasiyate Kanjeng Susuhunan Kalijaga, kang kawasiyatake marang putra wayah kabeh. Saka pituduhe Kyai Guru,
mungguh kang katembungake Kanjeng Susuhunan Lepen, tumrap surasane ngelmu iki, sajatine iya Banyu Urip, iya ananing urip kita pribadi.
Wondene patraping pangonane, surasane ngelmu ikikaesti ing dalem cipta, ing nalika anyipta cancuding amatrapake panjenenganing Dzat, utawa kawisikake marang wong kang wis ngangkat sakarat.
Para kang pada nganggo ngelmu iki, kang wis katatan (kalakon), jisime banjur bisa anggando arum, dadi kang pada ngupakara pada rahab kabeh, resep enggone ngrukti.
Iki Ngelmune Kang Kaesti :
″Bismillahi-rrahmani-rrahim, Sabda angin, tansah murba wisesa, sah ganda kari rasa, badanku arum, selehku arum, rak-lap tan ana karsa, dong ginendong saking karsane Gusti Sunan Lepen, radia Allahu anhu alaihi salam″.
(R.Tanoyo)
DOWNLOAD APLIKASI .>> Surya Media Indonesia <<
Ijinkan Instal di handphone saat selesai pengunduhan
BACA JUGA : DAFTAR MENU BACA
Tidak ada komentar