Header Ads

SERAT JANGKA SECH SUBAKIR

Surya Media Indonesia, 
SERAT JANGKA SECH SUBAKIR
PUPUH I
ASMARANDANA
-- 01 --
Karya penget genya nulis, supadya dadya tututunan, mring weka kadang wargane, tuwin antuka kang rahmat, timbang nganggur klekaran, becik ngleluri leluhur, caritane jaman kuna.
-- 02 --
Sejarah para Narpati, kang mengku rat nata praja, tanah Jawa sedaya, mugi paringa nugraha, marang para kawula, tinebihna ing bebendu, kalawan ing ila-ila.
-- 03 --
Mangkana purwani nguni, saka ing Kitab Musarar, binabar tembung Jawine, wiwit alam babu alam, dumugining kiyamat, pan saleksa wolung atus, donya lamine gumelar.
-- 04 --
Jamane limang prakawis, kang dihin Ingaranan Tirta, nulya Karta kapindone, Dupara kaping telunya, Kaliyup ping sekawan, jangkep kaping limanipun, winastan jaman Sengara.
-- 05 --
Tirta jaman ingkang dihin, saleksa warsa laminya, Karta kapindo jamane, namung wolung ewu warsa, ganti jaman Dupara mung nem ewu kawan atus, langkung sangangdasa warsa.
-- 06 --
Jaman Kaliyup gumanti, para Mukminkas angira, kalih ewu warsa maneh, lawan sagangatus warsa, ganti jaman Sengara nenggih wawatesan umur, namung kalih ewu warsa. Lalanjon titahing Widi, laminipun kalih leksa, sangang ewu ing taune, kalanira Nabiyullah, taksih munggwing suwarga, Malekat bangsanipun, sagung para Malekat.
-- 08 --
Sami wonten ing Rochani, datan wonten kenging pejah, luput duraka sakehe, datan wonten nadah nendra, lan sagung titahing Hyang, wignya ngucap lir jalmeku, tumut langgeng lir manungsa.
-- 09 --
Lembu ingkang nyangga bumi, isih sekawan sukunya, pramana ati enggone, Nabi ADAM munggwing swarga, lamine satus warsa, wohing kuldi kang tinunggu, Babu Kawa rowangira.
-- 10 --
Kadukan marang Hyang Widi, tinurunaken mring donya, tanpa sandang 
sarirane, anuju wulan Mucharam, ing tahun Alip ika, tanah Arab kang jinujug,
amanggih kayu satunggal.
-- 11 --
Den wastani kayu tanjir, dadya sandang salaminya, nulya panggih lan 
garwane, cinarita salin jaman, ingaran jaman Karta, nenggih wolung ewu 
tahun, dahar sapisan sawulan.
-- 12 --
Samana kalane wiwit, manungsa kena durhaka, kena pati saturute, 
sagunging wong darbe manah, duwure randuwara, ora kurang depa satus, 
lembu sukune mung tiga.
-- 13 --
Marmanira ana daging, lumrah manungsa kuwasa, nuli salin jaman maneh, 
gumanti aran Dupara, alam Nabi samana, lumrah manungsa punika, 
mangan ping kalih sawulan.
-- 14 --
Gegaman mung tigang warni, panah pedang lawan gada, isih kuwasa 
punang wong, kono mari ararasan, wong donya lan wong kerat, randuwana 
duwuripun, amung kari satus depa.
-- 15 --
Lembu ingkang nyangga bumi, atinggal kalih sukunya, marmane getih 
enggone, limang ewu warsa gantya, anulya salin alam, jaman wali kang 
sumuyut, alame wali sadaya.
-- 16 --
Jaman wali kaping kalih, Mukmin Ngamya wastanira, sadasa dina dahare, 
de Wali ingkang taksih kas, dahar pindo sawulan, Wali ingkang apes iku, 
dahar ping kalih sadina.
-- 17 --
Lembu ingkang nyangga bumi, sukune kantung satunggal, premana neng 
kulit gone, duwure kang randuwana, kari salawe depa, keneng duraka wong 
iku, paes katemenanira.
-- 18 --
Gagaman mawarni-warni, keris towok lawan tumbak, tigang ewu warsa 
maneh, asalin jaman Sengara, alame Mukmin ika, Mukmin Ngam ing 
lampahipun, rina wengi amemangan.
-- 19 --
Datan wonten tuwukneki, lumrah wong akekadangan, premanane suket 
rondon, duwure kayu wus suda, mung kalih dasa depa, ingkang nyangga 
bumi rubuh, sukune sirna sadaya.
-- 20 --
Apan taksih nyangga bumi, gara-gara agung prapta, bumi wus sirna brekate, 
suda wiranging pandita, kapundut mring Hyang Sukma, ilang adile Sang 
Prabu, wanita keh laden priya.
-- 21--
Kawula lali maring Dusti, Gusti lali mring awula, fakir lali agamane, wong 
agung katah kahinan, wong cilik keh dursila, lali bapa lawan guru, ilang sihe 
wong kekadang.
-- 22 --
Gegamane amepegi, barang cipta dadi gaman, patine lawan gamane, 
wewah kestul lan senjata, mariyem lan kala kunta, lumrah keh wong ambeg 
rusuh, akeh wong wedi melarat.
-- 23 --
Sinung ayat sewu warsi, nenggih alame Sengara, nuli sinalin alame, bali 
marang Tirta, ratune Waliyullah, satus tahun laminipun, anumpak ari 
kiyamat.
-- 24 --
Sasampunira kapanggih, lawase neng alam donya, marang Kang 
MurbengUripe, anenggih mung tigang leksa, tri ewu satus warsa, punika 
langkung ta ingkang kantun, wus parek ari kiyamat.
-- 25 --
Yen wus prapta satus warsi, mati wiji kang tumitah, warata ing jagad kabeh, 
tan wonten tiyang anak-anak, tan wonten jawah niba, wus ginaib mring 
Hyang Agung, tan wikan ari kiyamat.
-- 26 --
Wonten crita kang tinulis, tumrap tanah Jawa, aking Arab pinangkane, 
gancare ing pulo Jawa, duk taksih dadya wana, peteng alas gung asamun, 
ambelasah roning kamal.



PUPUH II
S I N O M
-- 01 --
Purwane kang ginupita, duk suwunge tanah Jawi, taksih wana langkung 
pringga, isina amung dedemit, pari prayangan lan jim, miwah sagunging 
lelembut, kalawan brekasakan, gandarwo lan banaspati, ilu-ilu janggitan 
lawan kemamang. 02 --
Anenggih kang kawuwusa, jeng Sultan Rum kang winarni, angsal 
sasmitaning Sukma, dinawuhan angiseni, manungsa pilo Jawi, anenggih 
Sultan ing Ngerum, nimbali patihira, prapteng ngarsa awotsari, Sang Aprabu 
alon denira ngandika.
-- 03 --
Heh Patih Ingsun tatanya, marang sira kang sayekti, wartane ing Pulo Jawa, 
apa sira wus udani, kabare taksih sepi, durung isi manungseku, pan isih dadi 
wana, Kyana Patih atur bekti, inggih Gusti dereng isi kang manungsa.
-- 04 --
Rembage para nangkoda, Gusti kang sampu udani, ingkang layar tanah 
Jawa, tan wonten ingkang nglangkungi, wartanipun anenggih, ageng-ageng 
hardinipun, pilo mujur mangetan, sakilene pulo Bali, Sri Nalendra alon 
wijiling wacna.
-- 05 --
Heh Patih sira mepaka, wong rong leksa somah aglis, tanduren ing pulo 
Jawa, dimen pada gaga sabin, sandika Kyana Patih, menembah lumengser 
gupuh, samekta lajeng bidal, wong rong leksa somah prapti ing muwana 
kamot ingemot baita.
-- 06 --
ing marga datan winarna, gancare carita nenggih, janma kang rong leksa 
somah, pinrenahken pulo Jawi, Kya Patih wangsul nuli wus prapta nagari 
Ngerum, matur rehning dinuta, purwa madya amekasi, Sri Narendra 
kalangkung sukeng wardaya.
-- 07 --
Wus kalayan karsa Nata, yata kang kocapa mangkin, janma kang samya 
tinilar, aneng jroning pulo Jawi, binadog ing dedemit, meh telas pan amung 
kantun, sakawan dasa somah, giris manahira sami, lajeng layar mantuk 
mring Ngerum Negara. 
      --8--
Wus prapta Ngerum nagara, lajeng katur Kyana Patih, nulya konjuk Sri 
Narendra, yen janma rong leksa nguni, somah pan namung kari, kawandasa 
somahipun, dene prikancanira, binadog para dedemit, duk miyarsa jeng 
Sultan ngungun ing driya.
-- 09 --
Puwara renge ngandika, timbalana Sech Subakir, tan anatara prapteng 
ngarsa, ngandika Sri Narapati, bapa sira sun tuding, layar mring pulo 
Jaweku, sira masanga tumbal kang hardi-hardi, dimen lunga lelembute pulo 
Jawa.
-- 10 --
Wong keling sira angkatna, prenahno ing pulo Jawi, semektowa gagawanya, 
nuli angkatna den aglis, layar mring pulo Jawi, sira patih aja kantun, Sech 
Bakir aturira, sandika pamit wot sari, wusnya beber layar dateng tanah Arab.
-- 11 --
Wus prapta ing Keling praja, dawuhaken amundut janmi, rong leksa somah 
katahnya, laju layar pulo Jawi, Sech Bakir kang winarni, ing marga datan 
wuwus, anjujug hardi Tidar tumbal pinasang tumuli, awarata pucuking hardi 
sadaya.
-- 12 --
Gya jumegur swaranira, gara-gara andatengi, gumelar gora prahara, teja 
lawan obar abir, peteng mendung nglimputi, geger sagunging lelembut, jin 
setan brekasakan, sami lunayu anggendring, ilu ilu banaspati lan 
kemamang.
-- 13 --
Wewe peri prayangan, angebyur marang jaladri, gandarwa gandarwa mlayu 
sarsaran, tetekan keblak memedi, sedaya samya ngungsi, tan kawawa 
panasipun, gantiya kang winursita, pan wonten danyang kakalih, gih punika 
tetuwane brekasakan.
-- 14 --
Sang Hyang Semar aranira, lawan Danyang Togog nenggih, dedukuh 
wonten ing wana, prenah pucuking kang wukir, Merbabu ingkang hardi,
samana kekalihipun, samya ajejagongan, ginenira ting kalesik, Sang Hyang 
Semar kagyat denira miyarsa.
-- 15 --
Sang Hyang Semar lon wuwusnya, kiraka wonten punapi, sagung demit 
kagegeran, gara-gara apa iki, bumi agonjang-ganjing, prakempa asindung 
riwut, bayu braja liweran, kilon geter obar-abir, gumaleger swaraning kang 
punang harga.
-- 16 --
Daweg kiraka jarwaha, de gara-gara kagiri, prabawa apa ta ika, Danyang 
Togog awawarti, yen sira tan udani, iki ana Resi Ngerum, prapta ing pulo 
Jawa, arsa ngrabaseng dedemit, pirantinya pinasang sakeh haldaka.
-- 17 --
Yeng mangkana daweg enggal, manggihi lawan Sang Resi, utusana Sri 
Narendra, Ngerum ingkang nundung demit, pada atakon warti, baya ana 
karsanipun, dene kagila-gila, karya gegering kang demit, Sang Hyang 
Semar sumaur ya bener sira.
-- 18 --
Danyang Togog malih ngucap, ya age adi prayogi, aywa kongsi kalayatan, 
kiraku payo den gelis, anulya pangkat sami, wus prapta panggih Sang Wiku, 
ana ing ardi Tidar, tuwan Sech Bakir ningali, ing praptane kalihira ta pa 
sangkan.
-- 19 --
Sech Bakir alon tatanya, ki sanak dika ing pundi, manira nembe tumingal, 
dateng pakenira kalih, sira harsa punapi, dene prapta ngarsaningsun, Sang 
Hyang Semar saurnya, inggih kula tiyang Jawi, dika prapta punapa ing 
karsanira.
-- 20 --
Sech Bakir wau ngandika, wartane ing pulo jawi, pan durung ana manungsa 
sadaya isih wanadri, sepi ulun tingali, karsane Jeng Sultan Ngerum, ing 
mangke winijenan, rong leksa somah kang janmi, dimen harja sami kinen 
asesawah.
Sang Hyang Semar lon wuwusnya, gih sumangga karsa Aji, sajatine gih 
kawula, lan kiraka tiyang Jawi, ing kina prapteng mangkin, kawak daplak 
inggih ulun, wong Jawa kuna mula, saderenga dika prapti, kula manggen 
Marbabu pucak haldaka.
-- 22 --
Sampun sangang ewu warsa, inggih wonten pulo ngriki, dedukuh ing hardi 
Tidar, saweg antuk sewu warsi, langkung taun puniki, Sech Bakir gawok 
angrungu, dika niku wong napa, napa ta ayekti janmi, umur dika dene ta 
kaliwat-liwat.
-- 23 --
Lamun janma durung ana, kang umur saleksa warsi, Sang Hyang Semar 
saurira, yeku kawula puniki, pan inggih dede janmi, danyang tanah Jawa 
ingsun, danyang sepuh priyangga, titise Jeng Kawa Dewi, kang jejuluk Sang 
Hyang Maya inggih kula.
-- 24 --
Sang Hyang Sis inggih kawula, Sang Srinata inggih mami, Durgulowya 
inggih kula, Sang Hyang Wenang inggih mami, Joyokusumo tuwin, Joko 
Panduduk nggih ulun, Tuwawana gih kula, Manikmaya inggih mami, inggih 
kula ingkang paparab Sang Hyang Semar.
-- 25 --
Wonten ngriki wiwit kuna, duk Ibu Kawa rumiyin, nglunturaken rasa mulya, 
tinadahan mring Ijajil, cinipta rama nguni, den wor lawan kamanipun, anulya 
dadya kula, lamun dika dereng ngreti, gih punika gancare badab kawula.
-- 26 --
Sawarnane para dewa, sadaya gih darah mami, lan para danyang sedaya, 
tanah Sabrang miwah Jawi, sadaya turun mami, miwah sagunging lelembut, 
inggih turun kawula, jim prayangan lawan peri, ilu-ilu sadaya anak manira.
Dene kiraka punika, titise Siti Sendari, sun karya kadang ngong tuwa, 
dedukuh wonten ing Jawi, milane kula mriki, panggih lawan dika wau 
nyuwun taken pawarta, dateng andika sayekti, punapa ta andika angrusak 
Praja.
-- 28 --
Sadaya nak putu kula, pra samya bingung angungsi, kenging tenung 
taragnyana, andika ingkang masangi, ngungsi marang jaladri sadaya para 
lelembut, Sech Bakir alon mojar, kula punika kiai, pan dinuta jeng Sultan 
Ngerum negara.
-- 29 --
Apan kinen ngisenana, janma pulo Jawa ngriki, dimene tangkar-tumangkar, 
reja ambubak wanadri, kang sun prenahaken iki, wong Keling nagaranipun, 
cacah rong leksa somah, iku karsane Hyang Widi, boten kena yen dika 
amalangana.
-- 30 --
Sang Hyang Semar saurira, sokur jumurung saketi, yen karsane Sri 
Narendra, ing Rum dawuhing Hyang Widi, kadawuhan ngiseni, ing pulo 
Jawa puniku, kinen ambubak wana, nanging ta panyuwun mami, inggih kula 
tumuta ngadani Jawa.
-- 31 --
Sech Bakir alon ngadika, kisanak kula tuturi, karsane Hyang Maha Mulya, 
lalakone Jawa benjing, winates ing Hyang Widi, rong ewu lan satus taun, 
pan nuli sirna, wiwit saking taun iki, satus taun durung ratu ora praja.
-- 32 --
Iku karsaning Hyang Sukma, tataning wong kadi peksi, yen wus jangkep 
satus warsa, lawan punjul seket siji, Hyang Sukma karya Aji, ing Gilingwesi 
Kedatun, lawan ing Panataran, niku wiwite Narpati, ajejuluk Maharaja 
Selaprawata.
Andika ingkang ngemonga, dika awor lawan janmi, nalikanira Sang Nata, 
ratu ingkang nata janmi, satus warsa ingkang benjing, Gilingwesi sirnanipun, 
wiwite jaman Buda, nayebut ratune sami, pangucape tan liya Dewa Batara.
-- 34 --
Sirnane Selaprawata, nulia karsane Hyang Widi, akarya alih Nerendra, titise 
Hyang Wisnumurti, ngedaton Mendangkawit, satus taun sirnanipun, Hyang 
Sukma nuli nitag ratu agung ambawani, sakembaran bala banta lan wanara.
-- 35 --
Siji ngadaton Ngalengka, abala sagung raseksi, ing Pancawati sajuga, titise 
Hyang Wisnumurti, bala wanara benjing, paramarta ratunipun, Kyahi Togog 
sira, angemonga sira benjing, kang jumeneng ratu Ngalengkadiraja.
-- 36 --
Besuk rusake ngalengka, tumpes tapis datan kari, amung pitung puluh 
warsa, sirnane karatoneki, Hyang Sukma nitah malih, ratu binatara agung, 
ngadatong ing Wirata, lawan Maduran agrai, seket warsa karatone nuli sirna.
-- 37 --
Hyang Sukma anulya nitah, karatone Ngastina benjing, Ngamarta pudak 
sategal, lawan Ngawu-ngawu langit, lawan ing Dwarawati, poma Kyai iku 
besuk, poma dika emonga, watese sawiji-wiji, satus taun sirnane karaton 
benjang.
-- 38 --
Iku karsane Hyang Sukma, sirnane karaton benjing, pada aprang lawan 
kadang, awite rebut nagari, minangka penget Kyai, kang jumeneng ratu 
besuk, sirnane campuh aprang, nulya karsane Hyang Widi, Mlawapati 
kalawan Bojonegara.
-- 39 --
Iku pada turunira, Sang Hyang Wisnu ingkang nitis, ananging ta wekas 
ingwang, marang andika Kiyahi, alame ratu kalih, awyandika emong besuk, 
andika wangsul dewa, watesane satus warsi, nuli sirna Hyang Sukma akarya 
Nata.
Kekuta ing Galuh benjang, laminira seket warsi, sirnane Gakuh nagara 
Hyang Sukma anitah malih, ratu Sindula nagri, mung sawidak taun besuk, 
nuli ana Narendra, ing Medangkamulan nagri, ratu iku amangsa pada 
manungsa.
-- 41 --
Patangpuluh taun sirna, ratu pandita gumanti, saking Arab pinangkanya, 
Ajisoko Sango Aji, pinanjingan ing eblis, ratune ijajil besuk, angaggit sastra 
Jawa, pan iku kang den leluri, aywandika emong ing sapungkurira.

PUPUH III
PA N G K U R
-- 01--
Mung sawidak taun sirna, sang Hyang Sukma anitah ratu malih, sang Prabu 
Maha punggung, papatih, Jugulmuda angada-on neng sukuning hardi Lawu, 
karsa pranataning praja, medal adiling Narpati.
-- 02 --
Satus taun nuli sirna, Sang Hyang Sukma anitah ratu malih, Kauripan 
nagrinipun, satus taun wus sirna, turun telu jejege karatonipun, nuli 
karsaning Hyang Sukma, nitahaken ratu malih.
-- 03 --
Sakawan kang dadya raja, akekuta Jenggala lan Kadiri, Ngurawan lan 
Singasantun, niku andika monga, ngawulaha satuhu andika besuk, andika 
siliha aran, Ki Prasonto aprayogi.
-- 04 --
Ki Togog dika arana, Ki Jarudeh ing benjing iku becik, titising Batara Wisnu, 
poma ywa kongsi pisah, pan jumeneng ing Jenggala prajanipun, wasta Panji 
Rawisrengga, digdaya prawireng jurit.
-- 05 --
Digdaya prawireng aprang, aprakosa ngadoni jayeng jurit, ratu sekti sudibya 
nung, sembada tan apada, iya iku turune pandita luhung, Senapati 
jajuluknya, para ratu keh kang nagkil.
-- 13 --
Sumewa mring tanah Jawa, wiwit iku dumugi ing Matawis, sewu limang atus 
taun, kutane ing Mataram, kongsi ping pat turunan kang madeg ratu, 
wangening nagri sirna, nulya karsaning Hyang Widi.
-- 14 --
Rusake nagri Mataram, pan binedah wong Makasar lan Bugis, Madura 
rewang sekutu, lawan putra priyangga, wus alami janji watesaning umur, 
nulya karsaning Hyang Sukma, nitahaken ratu malih.
-- 15 --
Kekuta ing Wanakarta, sakulone kuta Pajang winarni, sugih rowang 
ratunipun, sirna kratone, laminipun satus tigang dasa taun, tan antara 
laminira, ana nangkoda datengi.
-- 16 --
Rusake ing Kartasura, pan binedah dening wong Cina benjing, nulya 
karsane Hyang Agung, nitahaken Narendra, angadaton kuloning Mataram 
iku, siji sawetaning Pajang, wus jamang Sengara benjing.
-- 17 --
Wong Jawa akeh pitenah, marang pawong mitranira ing benjing, keh 
kiyamat mring sadulur, dora-carane katah, lawan suda pemetune bumi 
besuk, ilang wirange wanita, keh priya etung pawestri.
-- 18 --
Setan wus awor manungsa, datan kena kinawruhaken becik, ing jaman 
Sengara iku, keh anak lali bapa, bapa lali marang anake satuhu, wong mati 
tukaran katah, akeh wong kanjingan eblis.
-- 19 --
Ratu iku luwih mlarat, datan mawi sangu amung sadremi, mung semende 
mring Hyang Agung, tan ana janma wikan, pan kasandang kasampar-
sandung tan weruh, pudak sinumpet punika, timbule kang tunjung putih.
-- 27 --
Mungsuh ngarep ekeh sirna, ingkang pada wani samya mati, tumpes tapis 
sirna larut, balane mung sir’olah, mung kalabang kalajengking gamanipun, 
Kyai niku waspadakna, dika ladenana benjing.
-- 28 --
Bala sagunging lelembat, anjurungi marang Sang Ratu Adil, ana dene 
kutanipun, alas bumi Ketangga, pan rineka kedatonira Sang Prabu, Juluk 
Sultan Herucokro, enak atine wong cilik.
-- 29 --
Ilang wong kang dora cara, wong dursila ilang pan sirna enting, botoh keh 
pada kabutuh, awit adil Sang Nata, akeh ngungsi mring masjid pada asujud, 
eling marang kabecikan, pada dadi santri mursid.
-- 30 --
Pajege wong cilik suda, sawah sajung sadinar pajeg neki, winatesan amung 
sewu, dadya dahar Narendra, datan mundut langkungane saking sewu, ratu 
iku lumuh arta, blaba asih marang dasih.
-- 31 --
Murah sandang murah pangan, keh wong cilik pada suka singgih, iya amung 
satus taun, jumeneng adil Nata, sasirnane kuta Katangga puniku, nulya ana 
ratu kembar, iya ana kuta benjing.
-- 32 --
Salere hardi Barata, inkang siji kutane iku benjing, ana ing Madura iku, 
lamine seket warsa, sasirnane Hyang Sukma nitahaken ratu, kekuta 
Waringin rebah, iya amung sekt warsi.
-- 33 --
Waringin rubuh wus sirna, nulya ana ratu gumanti malih, kang sinedya 
kutanipun, ana ing Baleberan, mung sawidak taun watesane iku, anulya 
wong Prenggi prapta, angratoni tanah Jawi.
-- 34 --
Manungsa Jawa pan katah, den usungi marang nagara Prenggi, sewu sewu 
saben taun, mung tigang dasa warsa, nulya Kanjeng Sultan ing Ngerum 
atutulung, patih maju sabalnya, anumpes wong nuswa Prenggi.
-- 35 --
Wadya ing Rum yutan wendran, tan petungan layar mring pulo Jawi, ing riku 
rame prang pupuh, wong Prenggi lebur lebur sirna, tedakira Sang Nata 
Waringin Rubuh, gya jinunjung dadya raja, kekuta nang Majapahit.
-- 36 --
Telung puluh sanga warsa, sampun jangkep watese tanah Jawi, gunung 
Sumbing nulya jugrug Merapi mubal brama, ing Merbabu swaranira 
gumaludug, gunung Tidar mubal toya, sirna ilang pulo Jawi.
-- 37 --
Wus tutug carisaningwang, ulun arsa wangsul mring Rum nagari, reksanen 
sapungkur ulun, poma den kalampahan, lah engeta sakehing piweling ulun, 
aywa nganti manggih papa, wong Keling kinarya wiji.
-- 38 --
Sigra bidal Sang Pandita, Sang Hyang Semar ngaterken mring jaladri, 
Danyang Togog rowangipun, wangsul mring padukuhan, kawarnaha wong 
rong leksa somah sampun, samya ambabadi wana, tegal gaga miwah sabin.
-- 39 --
Sang Hyang Semar dadya lurah, Danyang Togog dadya sor-soraneki, wus 
awor manungsa iku, sinembah ing wong katah, pan sadaya anurut 
parentahipun, datan wonten kang suwala, mring parentah hira kalih.
-- 40 --
Titi tamating carita, Jayabaya bebere kang linuri, sakiing Kitab mulanipun, 
Musarar kang carita, ganti ganti kang samya umadeg ratu, lalakone pra 
Narendra, wates umuring nagari.



DOWNLOAD APLIKASI .>> Surya Media Indonesia <<
Ijinkan Instal di handphone saat selesai pengunduhan 
BACA JUGA :  DAFTAR MENU BACA

Tidak ada komentar

Diberdayakan oleh Blogger.