Header Ads

Sabdo Palon ( Hyang Semar) dan Syeh Subakir

Surya Media Indonesia, 

RIWAYAT LELUHUR JONGKO SYEH SUBAKIR KEPANGGIH HYANG SEMAR LAN HYANG TOGOG

BANYAK BEREDAR CERITA ADANYA PERANG ANTARA SABDO PALON ( HYANG SEMAR) DENGAN SYEH SUBAKIR, KALAU KITA MENDENGAR SERAT JONGKO SYEH SUBAKIR, CERITA PERANG SAMA SEKALI TIDAK ADA.

Petilasan syeh subakir di gunung tidar



RUSAKNYA TATANAN BUDAYA MASARAKAT JAWA ITU MENURUT JONGKO DJOYOBOYO DISEBABKAN OLEH ORANG JAWA SENDIRI YANG SUDAH LUPA AJARAN LELUHURNYA SENDIRI, 
DIJAMAN PARA WALISONGO BUDAYA JAWA ITU SEMAKIN MAJU DIANTARANYA TERCIPTANYA TEMBANG MACAPAT, WAYANG KULIT SEMAKIN BERKEMBANG, BUDAYA SEKATEN KRATON..

ADA OKNUM ORANG JAWA YG SENGAJA MENYUDUTKAN WALISONGO, MEREKA MENGATAKAN WALISONGO BERALIRAN KERAS, ORANG JAWA YG NGOMONG SEPERTI ITU, JELAS TIDAK BENAR. 

( Djoborolo: 10 )
Anangeng bongoso Djowo kuwi tansah mbantah, marang opo kang dadi peparingane Gusti. Nganti akhire bebayan kuwi teko, manggon ono ing kahuripane bongoso Djowo kanggo sak mbendinane. Awet bongoso Djowo uwes ora tahu maneh, nduweni pangelingan kanggo nggolekhi asal - usule, nganti sak ikine. 
( Djoborolo: 11 )
Gusti pareng dawoh: Aku uwes maringi pitutor marang Djoborolo, ugo maringi pitutor marang ukume bongoso Djowo kang uwes tak tules ono ing layang Djojobojo. Supoyo bongoso Djowo kuwi biso melu marang dalanku kang tenanan, lan nyebot asmoku: Moho kuwoso Gusti engkang pareng sedantenipon dumateng kawulo. Anangeng siro bongoso Djowo, malah nyalahake aku. Sedjatine siro dewe kang nggolekhi kasengsaran kuwi, sebab ora ngrungokake marang pangomonganku.

Sech Bakir kang winarni, ing marga datan 
wuwus, anjujug hardi Tidar tumbal pinasang tumuli, awarata pucuking hardi sadaya.
-- 12 --
Gya jumegur swaranira, gara-gara andatengi, gumelar gora prahara, teja lawan obar abir, peteng mendung nglimputi, geger sagunging lelembut, jin setan brekasakan, sami lunayu anggendring, ilu ilu banaspati lan kemamang.
-- 13 --
Wewe peri prayangan, angebyur marang jaladri, gandarwa gandarwa mlayu sarsaran, tetekan keblak memedi, sedaya samya ngungsi, tan kawawa panasipun, gantiya kang winursita, pan wonten danyang kakalih, gih punika tetuwane brekasakan.
-- 14 --
Sang Hyang Semar aranira, lawan Danyang Togog nenggih, dedukuh wonten ing wana, prenah pucuking kang wukir, Merbabu ingkang hardi, samana kekalihipun, samya ajejagongan, ginenira ting kalesik, Sang Hyang Semar kagyat denira miyarsa.
-- 15 --
Sang Hyang Semar lon wuwusnya, kiraka wonten punapi, sagung demit kagegeran, gara-gara apa iki, bumi agonjang-ganjing, prakempa asindung riwut, bayu braja liweran, kilon geter obar-abir, gumaleger swaraning kang punang harga.
-- 16 --
Daweg kiraka jarwaha, de gara-gara kagiri, prabawa apa ta ika, Danyang Togog awawarti, yen sira tan udani, iki ana Resi Ngerum, prapta ing pulo Jawa, arsa ngrabaseng dedemit, pirantinya pinasang sakeh haldaka.
-- 17 --
Yeng mangkana daweg enggal, manggihi lawan Sang Resi, utusana Sri Narendra, Ngerum ingkang nundung demit, pada atakon warti, baya ana karsanipun, dene kagila-gila, karya gegering kang demit, Sang Hyang Semar sumaur ya bener sira.
-- 18 --
Danyang Togog malih ngucap, ya age adi prayogi, aywa kongsi kalayatan, kiraku payo den gelis, anulya pangkat sami, wus prapta panggih Sang Wiku, ana ing ardi Tidar, tuwan Sech Bakir ningali, ing praptane kalihira ta pa sangkan.
-- 19 --
Sech Bakir alon tatanya, ki sanak dika ing pundi, manira nembe tumingal, dateng pakenira kalih, sira harsa punapi, dene prapta ngarsaningsun, Sang Hyang Semar saurnya, inggih kula tiyang Jawi, dika prapta punapa ing karsanira.
-- 20 --
Sech Bakir wau ngandika, wartane ing pulo jawi, pan durung ana manungsa sadaya isih wanadri, sepi ulun tingali, karsane Jeng Sultan Ngerum, ing mangke winijenan, rong leksa somah kang janmi, dimen harja sami kinen asesawah. Sang Hyang Semar lon wuwusnya, gih sumangga karsa Aji, sajatine gih kawula, lan kiraka tiyang Jawi, ing kina prapteng mangkin, kawak daplak inggih ulun, wong Jawa kuna mula, saderenga dika prapti, kula manggen Marbabu pucak haldaka.
-- 22 --
Sampun sangang ewu warsa, inggih wonten pulo ngriki, dedukuh ing hardi Tidar, saweg antuk sewu warsi, langkung taun puniki, Sech Bakir gawok angrungu, dika niku wong napa, napa ta ayekti janmi, umur dika dene ta kaliwat-liwat.
-- 23 --
Lamun janma durung ana, kang umur saleksa warsi, Sang Hyang Semar saurira, yeku kawula puniki, pan inggih dede janmi, danyang tanah Jawa ingsun, danyang sepuh priyangga, titise Jeng Kawa Dewi, kang jejuluk Sang Hyang Maya inggih kula.
-- 24 --
Sang Hyang Sis inggih kawula, Sang Srinata inggih mami, Durgulowya inggih kula, Sang Hyang Wenang inggih mami, Joyokusumo tuwin, Joko Panduduk nggih ulun, Tuwawana gih kula, Manikmaya inggih mami, inggih kula ingkang paparab Sang Hyang Semar.
-- 25 --
Wonten ngriki wiwit kuna, duk Ibu Kawa rumiyin, nglunturaken rasa mulya, tinadahan mring Ijajil, cinipta rama nguni, den wor lawan kamanipun, anulya dadya kula, lamun dika dereng ngreti, gih punika gancare badab kawula.
-- 26 --
Sawarnane para dewa, sadaya gih darah mami, lan para danyang sedaya, tanah Sabrang miwah Jawi, sadaya turun mami, miwah sagunging lelembut, inggih turun kawula, jim prayangan lawan peri, ilu-ilu sadaya anak manira. Dene kiraka punika, titise Siti Sendari, sun karya kadang ngong tuwa, dedukuh wonten ing Jawi, milane kula mriki, panggih lawan dika wau nyuwun taken pawarta, dateng andika sayekti, punapa ta andika angrusak Praja.
-- 28 --
Sadaya nak putu kula, pra samya bingung angungsi, kenging tenung taragnyana, andika ingkang masangi, ngungsi marang jaladri sadaya para lelembut, Sech Bakir alon mojar, kula punika kiai, pan dinuta jeng Sultan Ngerum negara.
-- 29 --
Apan kinen ngisenana, janma pulo Jawa ngriki, dimene tangkar-tumangkar, reja ambubak wanadri, kang sun prenahaken iki, wong Keling nagaranipun, cacah rong leksa somah, iku karsane Hyang Widi, boten kena yen dika amalangana.
-- 30 --
Sang Hyang Semar saurira, sokur jumurung saketi, yen karsane Sri Narendra, ing Rum dawuhing Hyang Widi, kadawuhan ngiseni, ing pulo Jawa puniku, kinen ambubak wana, nanging ta panyuwun mami, inggih kula tumuta ngadani Jawa.
-- 31 --
Sech Bakir alon ngadika, kisanak kula tuturi, karsane Hyang Maha Mulya, lalakone Jawa benjing, winates ing Hyang Widi, rong ewu lan satus taun, pan nuli sirna, wiwit saking taun iki, satus taun durung ratu ora praja.
-- 32 --
Iku karsaning Hyang Sukma, tataning wong kadi peksi, yen wus jangkep satus warsa, lawan punjul seket siji, Hyang Sukma karya Aji, ing Gilingwesi Kedatun, lawan ing Panataran, niku wiwite Narpati, ajejuluk Maharaja Selaprawata. Andika ingkang ngemonga, dika awor lawan janmi, nalikanira Sang Nata, ratu ingkang nata janmi, satus warsa ingkang benjing, Gilingwesi sirnanipun, wiwite jaman Buda, nayebut ratune sami, pangucape tan liya Dewa Batara.
-- 34 --
Sirnane Selaprawata, nulia karsane Hyang Widi, akarya alih Nerendra, titise Hyang Wisnumurti, ngedaton Mendangkawit, satus taun sirnanipun, Hyang Sukma nuli nitag ratu agung ambawani, sakembaran bala banta lan wanara.
-- 35 --
Siji ngadaton Ngalengka, abala sagung raseksi, ing Pancawati sajuga, titise Hyang Wisnumurti, bala wanara benjing, paramarta ratunipun, Kyahi Togog sira, angemonga sira benjing, kang jumeneng ratu Ngalengkadiraja.
-- 36 --
Besuk rusake ngalengka, tumpes tapis datan kari, amung pitung puluh warsa, sirnane karatoneki, Hyang Sukma nitah malih, ratu binatara agung, ngadatong ing Wirata, lawan Maduran agrai, seket warsa karatone nuli sirna.
-- 37 --
Hyang Sukma anulya nitah, karatone Ngastina benjing, Ngamarta pudak sategal, lawan Ngawu-ngawu langit, lawan ing Dwarawati, poma Kyai iku besuk, poma dika emonga, watese sawiji-wiji, satus taun sirnane karaton benjang.
-- 38 --
Iku karsane Hyang Sukma, sirnane karaton benjing, pada aprang lawan kadang, awite rebut nagari, minangka penget Kyai, kang jumeneng ratu besuk, sirnane campuh aprang, nulya karsane Hyang Widi, Mlawapati kalawan Bojonegara.
-- 39 --
Iku pada turunira, Sang Hyang Wisnu ingkang nitis, ananging ta wekas ingwang, marang andika Kiyahi, alame ratu kalih, awyandika emong besuk, andika wangsul dewa, watesane satus warsi, nuli sirna Hyang Sukma akarya Nata. Kekuta ing Galuh benjang, laminira seket warsi, sirnane Gakuh nagara Hyang Sukma anitah malih, ratu Sindula nagri, mung sawidak taun besuk, nuli ana Narendra, ing Medangkamulan nagri, ratu iku amangsa pada manungsa.
-- 41 --
Patangpuluh taun sirna, ratu pandita gumanti, saking Arab pinangkanya, Ajisoko Sango Aji, pinanjingan ing eblis, ratune ijajil besuk, angaggit sastra Jawa, pan iku kang den leluri, aywandika emong ing sapungkurira.

PA N G K U R
-- 01--
Mung sawidak taun sirna, sang Hyang Sukma anitah ratu malih, sang Prabu Maha punggung, papatih, Jugulmuda angada-on neng sukuning hardi Lawu, karsa pranataning praja, medal adiling Narpati.
-- 02 --
Satus taun nuli sirna, Sang Hyang Sukma anitah ratu malih, Kauripan nagrinipun, satus taun wus sirna, turun telu jejege karatonipun, nuli karsaning Hyang Sukma, nitahaken ratu malih.
-- 03 --
Sakawan kang dadya raja, akekuta Jenggala lan Kadiri, Ngurawan lan Singasantun, niku andika monga, ngawulaha satuhu andika besuk, andika siliha aran, Ki Prasonto aprayogi.
-- 04 --
Ki Togog dika arana, Ki Jarudeh ing benjing iku becik, titising Batara Wisnu, poma ywa kongsi pisah, pan jumeneng ing Jenggala prajanipun, wasta Panji Rawisrengga, digdaya prawireng jurit. Satus taun nuli sirna, karsaning Hyang nitahaken ratu malih, Pajajaran kutanipun, pindah saking Jenggala, satus taun sirnane karatonipun, pan kongsi turun ping tiga, rusake lawan kang siwi.
-- 06 --
Yaiku wekas manira, pan ing kono awora demit malih, mariya amomong ratu, iku karsaning Sukma, dika kinen awor lawan anak putu, andika dukuha benjang, sukunira hardi kendil.
-- 07 --
Andika ngaliha aran, Ki Rumadi iku luwih prayogi, Ki Togog dika ing besuk, Lodaya dukuhana, dika angaliha aran Ki Barjamos, sirnanira Pajajaran, anulya karsaning Widi.
-- 08 --
Ratu Agung adiningprang, akekuta ing nagri Majapahit, satus taun sirnanipun, kongsi turun ping lima, rusakira nagri Majapahit besuk, aprang lawan putranira, nulya karsaning Hyang Widi.
-- 09 --
Nitahaken ratu Demak, akeh sagung para Wali nge Jawi, saking tanah Arab iku, pra sami amemulang, nglampahaken sarengatting Kanjeng Rasul, wus sirna jamaning Buda, pra sami agama Suci.
-- 10 --
Angrasuk Aagama Islam, manjing marang agama Kanjeng Nabi, Kraton Demak sirnanipun, namung sawidak warsa, punjul papat tetepe etanganipun, nuli karsane Hyang Sukma, nitahaken ratu malih.
-- 11 --
Ing Giring kalawan Pajang, Kalajangga jejuluking Narpati, umure salapan 
taun, sirnane kutanira, apan nuli ana karsane Hayang Agung, nitahaken ratu Mataram, jejuluk Sang Kalasekti. Digdaya prawireng aprang, aprakosa ngadoni jayeng jurit, ratu sekti sudibya nung, sembada tan apada, iya iku turune pandita luhung, Senapati jajuluknya, para ratu keh kang nagkil.
-- 13 --
Sumewa mring tanah Jawa, wiwit iku dumugi ing Matawis, sewu limang atus taun, kutane ing Mataram, kongsi ping pat turunan kang madeg ratu, wangening nagri sirna, nulya karsaning Hyang Widi.
-----------------------------------------------------+----------------

Lamun sampun jangkep watese tanah Jawi, gunung Sumbing nulya jugrug Merapi mubal brama, ing Merbabu swaranira gumaludug, gunung Tidar mubal toya, sirna ilang pulo Jawi.
-- 37 --
Wus tutug carisaningwang, ulun arsa wangsul mring Rum nagari, reksanen sapungkur ulun, poma den kalampahan, lah engeta sakehing piweling ulun, aywa nganti manggih papa, wong Keling kinarya wiji.
-- 38 --
Sigra bidal Sang Pandita, Sang Hyang Semar ngaterken mring jaladri, Danyang Togog rowangipun, wangsul mring padukuhan, kawarnaha wong rong leksa somah sampun, samya ambabadi wana, tegal gaga miwah sabin.
-- 39 --
Sang Hyang Semar dadya lurah, Danyang Togog dadya sor-soraneki, wus awor manungsa iku, sinembah ing wong katah, pan sadaya anurut parentahipun, datan wonten kang suwala, mring parentah hira kalih.

---------------------------+----------------------------
Lanjut Dateng Serat Jongko Prabu Joyoboyo 

Titi tamating carita, Jayabaya bebere kang linuri, sakiing Kitab mulanipun, Musarar kang carita, ganti ganti kang samya umadeg ratu, lalakone pra Narendra, wates umuring nagari.

( Djoborolo: 10 )
Anangeng bongoso Djowo kuwi tansah mbantah, marang opo kang dadi peparingane Gusti. Nganti akhire bebayan kuwi teko, manggon ono ing kahuripane bongoso Djowo kanggo sak mbendinane. Awet bongoso Djowo uwes ora tahu maneh, nduweni pangelingan kanggo nggolekhi asal - usule, nganti sak ikine. 
( Djoborolo: 11 )
Gusti pareng dawoh: Aku uwes maringi pitutor marang Djoborolo, ugo maringi pitutor marang ukume bongoso Djowo kang uwes tak tules ono ing layang Djojobojo. Supoyo bongoso Djowo kuwi biso melu marang dalanku kang tenanan, lan nyebot asmoku: Moho kuwoso Gusti engkang pareng sedantenipon dumateng kawulo. Anangeng siro bongoso Djowo, malah nyalahake aku. Sedjatine siro dewe kang nggolekhi kasengsaran kuwi, sebab ora ngrungokake marang pangomonganku.




DOWNLOAD APLIKASI .>> Surya Media Indonesia <<
Ijinkan Instal di handphone saat selesai pengunduhan 
BACA JUGA :  DAFTAR MENU BACA

Tidak ada komentar

Diberdayakan oleh Blogger.