RIWAYAT SYEH LEMAH ABANG NENGGIH KANG ARAN SYEH SITI JENAR NALIKO BADHE NGANGSU KAWERUH NGILMU MAKRIFAT DATENG PADEPOKAN KANJENG SUNAN GIRI
Surya Media Indonesia.
RIWAYAT SYEH LEMAH ABANG NENGGIH KANG ARAN SYEH SITI JENAR NALIKO BADHE NGANGSU KAWERUH NGILMU MAKRIFAT DATENG PADEPOKAN KANJENG SUNAN GIRI
===============================
Serat Walisana kaserat dening
Kanjeng Sunan Giri II
-----------------------------------------------------
Duk samana Sunan Giri │ nuju ing ari Jumungah │ pan arsa mejang muride │ seh Lemah-bang angrarepa │ duh pukulun Jeng
Sunan │ bilih kapareng saharyu │ ulun bela puruita│
Ngandikan Jeng Sunan Giri │ Allah durung pasang yogya │amejanga dina kiye │ marang ing pamintanira │ wau ta seh Lemah-bang │ angrasa yen pinakewuh │ buteng eru kabatinan│
Lajeng kesah maring Jawi │ locitanira ing driya │ yen mengkono tanpa gawe │ ngawat-awati wus lawas │ tiwas dan datanpa tuwas │
met wasana pijer kawus │ rewa-rewa ingewanan│
Mejang miji para kaji │ saben ing ari Jumungah │ tan kena manjing sraos │ rumasa yen tan kinarsan │ becik sun cidranana │
tan ana durhakanipun │ mimikani pangawikan│
Seh Lemhabang wus udani │ pangenan pamejangira │ amatek aji sikire │ sanalika malih warna │ arupa dindang seta │ manggon ing panggenanipun │ pamejanging Jeng Sunan│
Ciptane wus tan udani │ denira tingkah mangkana │ Jeng Sunan Giri kedaton │ yekti datan kikilapan │ solahe seh Lemahbang │
angandika Jeng Sinuwun │ mring sagung para sakabat│
Eh ta kawruhana sami │ ingsun tan sida amejang │ nora enak atiningwang │ mbesuk ing Jumungah ngarsa│ sida pamejangingwang │ dadya bubaran pra kaum │ praptaning ari
jumungah│
Kadatengan para wli │ sedya paguneman rahsa │ angumpulaken kawruh │ sampun amanggih salaya │ dadining rembagira │ Sunan Giri aturipun │ inggih sumangga ing karsa│
Nanging ulun nuwun alim│ sedya amejang sekabat │ sarehning sampun masane │ kang para wali sadaya │ jumungah ngayubagya
│ Sunan Giri tedak gupuh maring pemjanganira│
Angumpulaken ngulami │ wau ta sang seh Lemahbang │ datan kandeg panedyane │ denyarsa metet sarahsa │ nulya mancala
warna │
pan arupa cacing kalung
│ senetan soring pratala│
Tan ana janma udani │ Mung Jeng Sunan Girigajah │ kang wrin sasolah tingkahe │ nanging tan den munasika │ rehning wus
jangjinira │ maringken nugraha agung │ marang sakabat taruna│
S I N O M
1. │Eh ta padha kawruhana │ dununge kang Nukat Gaib │ pan aputih warnanira │ dene gedhene rininci │ mungguh ing jagad iki │
tinandinga pirang ewu │ yuta alam tan timbang │ tegese kang nukat gaib │ apan saking gaibing kang Kanyataan│
2. │Istingarah tan kajaba │ istingarah tan umanjing │ istingarah tan kawedal │ tan kajro istingarah ing │ sayekti luwih gaib │ tan owah
gingsir puniku │ langgeng tanpa karana │ kang jumeneng ki rohani │ apa rupanira duk nalikeng dunya│
3. │Nora owah sebutira │ cahya mancorong nelahi │ lir emas binakar anyar │ dene ta ingkang Rochani │ pan Muhammad sajati │ aja esak aja masgul │ ananging kawruhana │ sahe tekad kang premati │ pan lilima prakara rubedanira│
4. │Ingkang dingin katon pisah │ katon tunggal kaping kalih │ kaping tri katon tan pisah │ ping pat metu katon yekti │ kaping limanireki │katon metokaken iku │ lah padha den budiya │ sakabehe para murid │ aja pegat ngggenira musawaratan│
5. │Yen darbe panemu sira │ samantakena mringmami │ lah maneh kawruhana │ asma pipitu puniki │ Allah ingkang rumiyin │ ping ro wujud mokal iku │ wujud ilapi trinya │ kaping paten roh ilapi │kaping lima pan iya Akyan sabitah│
6. │Kaping nem Akyan Kajiyah │ kaping pitune winarni │ pan Allah lawan Muhammad │ iku den budya sami │ matur kang para murid │
pukulun saestunipun │ kajarwanana pisan │ kantenanipun nampeni│ boten beda dadining pambudinira│
7. │Jeng Sunan Giri ngandika │ mungguh artine kang yekti │ Allah pan jatining aran │ liring wujud mokal neggih │ Pangeran kang
sajati │ liring wujud Ilapi ku │ jatining warna rupa │ dene aran Rohilapi │ sajatine iya urip kita│
8. │Denen ta Akyan Sabitah │ sajatining Ana yekti │ mungguh Akyan Kajriyah │ lire wayangan kang pasti │ Allah Muhammad liring │ ya Allah Rasulullah │ ing bedaning panunggal │ Allah sarira sayekti │ing tegese sarira puniku rahsa│
9. │Iya sajrone kang rahsa │ iku mapan Dat ‘Ullahi │ Dat ‘Ullah lah Dat Rasul’Ullah │ karo pan dadi sawiji │ artine kang sajati │ kang
apurba langgeng Insun │ purba jati wisesa │ sajatining Nukat Gaib│ den pracaya tan liyan yekti punika│
10. │Pra sakabat duk miyarsi │ sabdane Jeng Sunan Giri │ tanggap atampi nugraha │ mantep denira mumuji │ wasana matur malih │duk pukulun Jeng Sinuwun │ balik ingkang punika │ pan sampun tuwan logati │ kang rumuyin rubeda gangsal prakara│
11. │Kawijangna babar pisan │ supados lajeng gumlinding │ boten rendet angalendang │ saged bunar suci wening │ ngandika Sunan
giri │ iku tan kena winuwus │ kudu kanti nugraha │ temune sira pribadi │ mengko lagi durung kena kabuka-a│
12. │Pada anggiten priyangga │ kasaru sampun byar enjing │ Jeng Sunan ing Giripura │ kondur ing dalemireki │ bubaran para murid │sowang-sowangan umantuk │ warnanen seh Lemahbang │ neggih kang alaku sandi │ lajeng medal saking sajroning pratala│
13. │Wus awarna seh Lemahbang │ tamsil sarahsaning ngelmi │ yen Pangeran ingkang tanya │ yekti sajatining urip │ dadya sedya
nandingi │ jumeneng paguron agung │ datan purun anuta │ maring Jeng Suhunan Giri │ mandar kedah amungsuh ing kabatinan│
14. │Murtat marang tekad praja │ tan ajrih yen keneng sarik │ katatangi driyanira │ denira boya antuk sih │ gya kesah saking Giri │ mantuk mring dunungipun │ tanah ing Sitijenar │ lajeng ngubalaken ngelmi │ kathah janma kacarjan apuruita│
15. │Maring sira seh Lemahbang │ wijange tanpa riricik │ lan wus atinggal sembahyang │ rose kewala liniling │ meleng tanpa ling aling │ wus dadya paguran agung │ misuwur kadibyannya │ denira talabul ngelmi │ wus tan beda lan sagung para Oliya│
16. │Sangsaya kasusreng janma │ akeh kang amanjing murid │ ing praja-praja myang desa │ malah sakehing ngulami │ kayungyun
ngayum sami │ kasoran kang wali wolu │ gunging paguranira │ pan anywungaken masjid │ karya suda kang maring agama mulya│
17. │Santri kathah keh kabawah │ mring Lemhbang manjing murid │Ya ta sang seh Sitijenar │ sangsaya gung kang adasih │ dadya iman pribadi │ mengku bawahipun │ paguroning ngelmu kak │kawentar prapteng nagari │ lajeng karan sang pangeran Sitijenar│
18. │Pan tedaking Majalengka │ kalawan darah ing Pengging │ keh prapta apuruita │ mangulap kawruh sajati │ nenggih ki Ageng
Tingkir │ kalwan Pangeran Panggung │ Buyut Ngerang ing betah │lawan ki Ageng pengging │ samya tunggil paguron mring Sitijenar│
19. │Ing lami-lami kawarta │ maring Jeng Suhunan Giri │ gya utusan tinimbalan │ duta wus anandang weling │ mangkat ngulama kalih │datan kawarna ing ngenu │ wus prapta ing Lemahbang │ duta umarek mangarsih │ wus kapanggih lan pangeran Sitijenar│
20. │Nandukken ing praptanira │ dinuteng Jeng Sunan Giri │ lamun mangkya tinimbalan │ sarernga salampah kami │ wit Jeng Sunan
miyarsi │ yen paduka dados guru │ ambawa imam mulya │ marma tuwan den timbali │ terang sagung kang para wali sadaya│
21. │Perlu amusawaratan │ cunduking masalah ngelmi │ sageda nunggil serepan │ sampun wonten kang sak-serik │ nadyan mawi riricik │ apralambang pasang semu │ jwa nganti saling singan │pangran Sitijenar angling │ ingsun tinimbalan Sunan Girigajah│.
22. │Apa tembunge maring wang │ ature duta kekalih │ inggih maksih seh Lemahbang │ pangran Sitijenar angling │ matura Sunan Giri │seh lemahbang yektinipun │ ing kene nora nana │ among Pangeran sajati │ langkung ngungun duta kalih duk miyarsa│
23. │Andikane seh Lemahbang │ wasana umatur aris │ kadospundi karsa ndika │ teka makaten kang galih │ paran ingkang pamanggih │ pangeran ngandika arum │ sira iku mung darma │ aja nganggo memadoni │ ingsun iki jatining Pangeran mulya│
24. │Duta kalih lajeng mesat │ lungane datanpa pamit │sapraptaning Girigajah │ marek ing Jeng Sunan Giri │ duta matur
wotsari │ duh pukulun Jeng Sinuwun │ amba sampun dinuta │animbali seh Sitibrit │ aturipun sengak datan kanti nalar│
K I N A N T H I
1. Makaten wiraosipun │ eh sira duta kekalih │ ingsun mengko tinimbalan │ ing ngarsa Jeng Sunan Giri │ matura yen nora nana │kang ana Pangeran Jati│
2. │Sakala kawula rengu │ paran kang dados pamanggih │ dene angaken Pangeran │ ulun nunten den wangsuli │ sira iku mung sadarma │ ngaturake ala becik│
3. │Wau sapamyarsanipun │ legeg Jeng Suhunan Giri │ jajabang mawinga-winga │ dadya age den tedaki │ rinapu pra auliya │ duh Sang ambeg wali mukmin│
4. │Den sabar panggalihipun │ inggih katonda rumiyin │kakencengane ing tekad │ gampil pinanggih ing wingking │ yen sampun kantenan dosa │ kados boten bangkalahi│
5. │Leleh ing panggalihipun │ myarsa sabdaning pra wali │ Jeng Sunan ing Giri Gayjh │ duta kinen wangsul malih │ animbali seh Lemahbang │ ujare kinen nuruti│
6. │Jangji seba ngarsaningsun │ ujanen ywa mindo kardi │ duta lajeng nembah mesat │ sampun prapta ing Sitibrit │ panggih lawan seh Lemahbang │ nandukken dennya tinuding│
7. │Mring Sunan Giri kedaton │ Pangeran dipun timbali │ sarenga salampah kula │ Pangran Sitijenar angling │ mengko Pangeran tan ana │ ingkang ana seh Sitibrit│
8. │Duta tan saleweng wuwus │ sarehning sampun wineling │ inggih mangkya seh Lemahbang │ kang wonten dipun timbali │ ngandika seh Sitijenar │ Pangeran tan amarengi│
9. │Awit seh Lemahbang iku │ Wajihing Pangeran Yati │ nadyan sira ngaturana │ ing Pangeran kang Sajati │ lan seh Lemahbang ora │mangsa kalakon yekti│
10. │Duta ngungun lajeng matur │ inggih kang dipun aturi │ Pangeran lan seh Lemahbang │ rawuha dateng ing Giri │ sageda musawaratan │ lan sagung para Wali│
11. │Pangran Sitijenar nurut │ lajeng kering duta kalih │ praptane ing Girigajah │ pepekan kang para wali │ Pangeran ing Sitijenar │
anjujug Jeng Sunan Giri│
12. │Lajeng ingandikan arum │ bageya Pangran kang prapti │ rawuhe ing ngarsaningwang │ Pangran Sitijenar angling │ duh pukulun sama-sama │ tumeka suka basuki│
13. │Jeng Sunan ngandika arum │ marma sanak sun aturi │ kasok karoban ing warta │ yen andika teki-teki │ makiki nengkar ngelmu
kak │ dadi paguron sabumi│
14. │Ngasoraken wali wolu │ mandar bawa iman suci │ datan asuci Jumungah │ saestu ngong anjurungi │ pira-pira sira bisa │ ngalim
ngelem para wali│
15. │Pangran Sitijenar matur │ nggen amba purun mbawani │ medar gaibing Pangeran │ awit Allah sipat asih │ asih samaning tumitah │saben titah angragoni│
16. │Nganggowa ugering ngelmu │ kang abuntas den patitis │ sampun ngantos selang sebat │ mindak ambibingung pikir │ amet Ansar dadi sasar │ sarana kirang baresih│
17. │Pedah punapa mbibingung │ngangelaken ulah ngelmi │ Jeng Sunan Giri ngandika │ bener kang kaya sireki │ nanging luwih
kaluputan │ wong wadeh ambuka wadi│
18. │Telenge bae pinulung │ pulunge tanpa ling-ling │ kurang waskita ing cipta │ lunturing ngelmu sajati │ sayekti kanti nugraha │ tan
saben wong anampani│
19. │Pangran Sitijenar matur │ paduka amindo kardi │ ndadak amerangi tatal │ tetelane ing dumadi │ dadine saking nugraha │punapa mboten ngulami│
20. │Sunan Giri ngandika rum │ yen kaya wuwusireki │ tan kena den nggo rarasan │ yen gebreh amedar wadi │ Pangeran nora kuwasa
│ anane tanpa ling-aling│
21. │Endi kang ingaran luhur │ endi kang ingaran gaib │ endi kang ingaran purba │ endi kang ingaran batin │ endi kang ingaran baka │
endi kang ingaran latip│
22. │Endi kang ingaran besus │ endi kang ingaran birahi │ yen baka babar balaka │ bakal bubur tanpa bibit │ mangka Pangeran kang
nyata │ nora kena den rasani│
23. │Lan nora kena dinumuk │ anane wahana gaib │ matur Pangran Sitijenar │ sedya purun amabeni │ bantahan masalah rasa │sinapih kang para wali│
24. │Duh sanak sakalihipun │ ywa tansah aben prang sabil │ prayogi kanyatakena │ wonten ing nggen kang asepi │ sampun sepen sepi hawa │ sarahsa saged anunggil│
25. │Wonten kawekasanipun │ yen mukid yekti karadin │ Jeng Sunan ing Girigajah │ wrin kedaping sambang liring │ sabdaning para uliya │ lajeng angandika aris│
26. │Eh seh Lemahbang sireku │ aja pijer amadoni │ mbesuk ing ari Jumungah │ pada musawarat batin │ yekti katonda kang nyata │
lelere asmareng Ngelmi│
ASMARANDANA
1. Seh Lemahbang nayogyani │ prapta ing ari Jumungah │ nuju Ramelan wulane │ marengi tanggal ping lima │ kumpul para Oliya │
anedeng kalaning dalu │ ngrakit papan kang prayoga│
2. │Sakathahing para wali │ samya paguneman rahsa │ ing Girigajah enggone │ kang karsa musawaratan │ ing bab masalah tekad │den waspada ing Hyang Agung │ wajib sami nyatakena│
3. │Kang samya angulah ngelmi │ lamun bijaksaneng driya │ dadi wejang sayektine │ tan beda lan puruita │ mungguh rahsaning rasa│ pralambanging pasang semu │ tan liya saking punika│
4. │Nadyan akeh kang wiwisik │ wosing wasana wus ana │ mung kari met pratikele │ ing sawusira pepekan │ Kangjeng Sinuwun Benang │ ingkang miwiti karuhun │ lan Sinuwun Kalijaga│
5. │Sunan Carbon myang kang rayi │ Pandanarang seh Lemahbang │lan Suhunan Majagunge │ Suhunan ing Banten lawan │ Suhunan Girigajah │ samya agunem ing ngelmu │ Jenging masalah tekad│
6. │Jeng Sinuhun Ratugiri │ amiwiti angandika │ he sanak manira kabeh │ pratingkahe wong makripat │ aja dadi parbutan │ dipun sami ngelmunipun │ padha peling-pelingan│
7. │Wong wowolu dadi siji │ aja na wong kumalamar │ dipun rujuk ing karepe │ den waspada ing Pangeran │ nenggih Sinuhun Benang │ingkang miwiti karuhun │ amedar ing pangawikan│
8. │Ing karsa manira iki │ Iman Tokid lan makripat │ weruh ing kasampurnane │ lamun maksiya makripat │ mapan durung sampurna │ dadi batal kawruhipun │ pan maksih rasa-rinasa│
9. │Sinuwun Benang ngukuhi │ sampurnane wong makripat │suwung ilang paningale │ tan ana kang katingalan │ iya jenenge tingal │ mantep Pangeran kang Agung │ kang anembah kang sinembah│
10. │Pan karsa manira iki │ sampurnane ing Pangeran │ kalimputan salawase │ tan ana ing solahira │ pan nora darbe seja │ wuta tuli
bisu suwung │ solah tingkah saking Allah│
11. │Sinuwun Benang anuli │ ngandikani wali samya │ eh sanak manira kabeh │ punika kekasih ngalam │ yen mungguhing manira │
jenenging roh semunipun │ ingkang roh Nabi Mochamad│
12. │Nora beda ig roh iki │ yen nedya mutabangatan │ tan beda ing panunggale │ dadya paran karsa ndika │ matur wali sadaya │ boten sanes kang winuwus │ sampun atut sabda tuwan│
13. │Pundi ingkang aran Nabi │ jenenging roh ing semunya │ mapan iku kekasihe │sadurunge dadi jagad │ mapan jinaten tunggal │ den dadekaken karuhun │ kang minangka kanyatahan│
14. │Sinuwun Majagung nenggih │ amedar ing pangawikan │ ing karsa manira dene │ Iman Tokid lan Makripat │ tan kocap ing ngakerat │
mung pada samengko wujud │ ing ngakerat nora nana│
15. │Nyataning kawula Gusti │ iya kang muji kang nembah │ apan mangkono lakune │ ing ngakerat nora nana │ yen tan ana Imannya
│ tan weruh jatining ngelmu │ nora cukup dadi jalma│
16. │Jeng Sunan ing Gunungjati │ amedar ing pangawikan │ jenenging makripat mengko │ awase maring Pangeran │ tan ana ingkang
liyan │ tan ana loro tetelu │ Allah pan amung kang tunggal│
17. │Jeng Sunan Kalijaga ngling │ amedar ing pangawikan │ den waspada ing mangkene │ sampun nganggo kumalamar │ den awas
ing Pangeran │ kadya paran awasipun │ Pangeran pan nora rupa│
18. │Nora arah nora warni │ tan ana ing wujudira │ tanpa mangsa tanpa enggon │ sajatine nora nana │ lamun nora nana-a │ dadi jagadipun suwung │ nora nana wujudira│
19. │Seh Bentong samya melingi │ amedar ing tekadira │ kang aran Allah jatine │ tan ana liyan kawula │ kang dadi kanyatahan │ nyata
ing kawulanipun │ kang minangka katunggalan│
20. │Kangjeng Molana Machribi │ amedar ing pangawikan │ kang aran Allah jatine │ Wajib’ulwujud kang ana │ seh Lemahbang ngandika │aja na kakehan semu │ iya ingsun iki Allah│
21. │Nyata ingsun kang sejati │ jujuluk Prabu Satmata │ tan ana liyan jatine │ ingkang aran bangsa Allah │ Molana machrib mojar │ iku
jisim aranipun │ seh Lemahbang angandika│
22. │Kawula amedar ngelmi │ angraosi katunggalan │ dene jisim sadangune │ mapan jisim nora nana │ dene kang kawicara │
mapan sajatining ngelmu │sami amiyak warana│
23. │Lan malih sadaya sami │ sampun wonten kumalamar │ yekti tan ana bedane │ salingsingan punapa │ dening sedya kawula │
ngukuhi jenenging ngelmu │ sakabehe iku padha│
24. │Kangjeng seh Molana Machrib │ sarwi mesem angandika │ inggih leres ing semune │ punika dede wicara │ lamun ta kapirsa-a │
dening wong ngakatah saru │ punika dede rarasan│
25. │Tuwan ucapna pribadi │ aja na wong amiyarsa │ anuksma ing ati dewe │ punika ujar kekeran │ yen ta kena-a tuwan │ amalangi jenengingsun │ mbok sampun kadi mangkana│
26. │Neggih Jeng Sinuwun Giri │ amedar ing pangandika │ pastining Allah jatine │ jujuluk Prabu Satmata│ sampun pancas wicara │ tan
ana papadanipun │ anging Allah ingkang tunggal│
27. │Ya ta sakathahing wali │ angestokaken sadaya │ mapan sami ing kawruhe │ namung sira seh Lemahbang │ tan kena pinalangan │
cinegah wali sadarum │ tan owah ing tekadira│
28. │Angandika seh Sitibrit │ pan sampun ujar manira │ dennya nututi kapriye │ dasare ingkang amedar │ pamejange maring wang │
punika wuruking guru │ datan kenging ingowahan│
29. │Ameksa tan kena gingsir │ sinuwulan ing ngakathah │ tan kena owah tekade │ sampun ujar linakonan │ pan wus jangjining Suksma
│ Sunan Carbon ngandika rum │ sampun ta tuwan│
30. │Punika ujaring jangji │ yekti tinuduh ing kathah │ nenggih sampun ing kukume │ wong ingkang angaku Allah │ ngadika seh Lemahbang │ Lah mara tuwan den gupuh │ sampun ngannge kaloreyan│
31. │Dasar kawula labuhi │ ngulati pati punapa │ pan pati iku parenge │ parenging sih kawimbuhan │ pan tansah kawisesa │ kang teka jatine suwung │ ana kadim ana anyar│
32. │Ngulati punapa malih │ nora nana liyan-liyan │ apan apes salawase │ anging Allah ingkang tunggal │ ya jisim iya Allah │
Tokid tegese puniku │ apan tunggal kajatennya│
33. │Sakathahing para wali │ pra samya mesem sadaya │ miyarsa ing pamuwuse │ kukuh tan kena ingampah │ saya banjur micara │amiyak waranipun │ nora nganggo sita-sita│
34. │Angaku jeneng pribadi │ andadra dadi rubeda │ngriribedi wekasane │ nerang anenerak sarak │ rembuge angaliga │ mawali
pra wali wolu │ winulun kurang walaka│
35. │Lajeng abubaran sami │ kang para wali sadaya │ kondur marang ing daleme │ mung Jeng Sunan Girigajah │ kang kawogan
anglunas │ kang murang saraking ngelmu │ mumpung dereng ngantos lama│
36. │Jeng Sunan Giri nyagahi │ ing sirnane seh Lemahbang │ yen sampun prapteng mangsane │ adeging nata ing Demak
│bedhahing Majalengka │ sadaya samya jumurung │ lajeng samya pakumpulan│
Lampahan Lajengipun >>>
DOWNLOAD APLIKASI .>> Surya Media Indonesia <<
Ijinkan Instal di handphone saat selesai pengunduhan
BACA JUGA : DAFTAR MENU BACA
Tidak ada komentar