DUNUNGE AKSARA ARAB NENG BADANE MANUNGSO
Surya Media Indonesia,
DUNUNGE AKSARA ARAB NENG BADANE MANUNGSO
============≠============≠==
Manusa panutanipun │ yekti Nabi Muchammad │ terus lan duk maksih gaib
│ purwaning roh pan saking enur Muchammad│
30. Isbating Alip punika │ wenang lair lawan batin
- │ aksara ebe (-)winarna │ lambe wiwitan kang wardi │ lambe ngisor lirneki │
marmane ingaran iku │ iya lambe wiwitan │ dene mosikaken uni │mila wani wedare ing pangandika│
31.
-│Aksara ete () punika │ mungguh talesihing wardi │ pan iya ilat wekasan │ kulure marang ing sentil │ marma acecek kalih │ marga rong prakara iku │ sawiji mring tetedan │ samubarang kang binukti
│ kaping pindo inuman basaning toya│
32.
- │Aksara ese () punika │ mufakating para mukmin │ tegese rahsa ganjaran │ dumunung tigang prakawis │ asalira ing diri │ yekti saking betalmakmur │ lawan betalmukaram │ telu betal mukadasi │iya iku pasamoning triloka│
33.
- │Aksara ejim (ج (punika │ jantung tegesireki │ enggon enggon gebenganing karsa │ anggelaraken ing budi │ dene akeh winarni │kang urip ing tegesipun │ jatine iku cahya │ pangarep urubing budi│ iku uga ingaran kantining Atma│
- Ake (ح (gedhe kang winuwus │ ujaring para musanip │ tegese urip mulya │ ya iku raga sayekti │ kang kanggonan pancandriya │ antuk karenteging osik│
2.
- │Edal () cilik malihipun │ lire pandhadha ing kering │
- edal (ذ (gedhe dhadha kanan │
- Re ( ) gigir kiwa ningali │
- Je (ز (gigir tengen punika│ artine malih ngawruhi│
3.
- │Sin (س (cilik ing tegesipun │ ambekan maha sucining │ ya iku yatine napas │
- Esin () gedhe rasa jati │ Esad () pan lamating netra │ ya iku pramana ening│
4. │Lad (ض (paningal ati subur │ Ete (ط (ati angulati │ Le () angen-angen tegesnya │ sajati-jatining eling │ engin (ع (lire lambung kiwa │ ing lambung tengene Ogin (غ│(
5. │Epe (ف (ati putih iku │ (ق (Mutmainah kang sajati │ Ekap (ك(dhadha kang apadhang │ Lam () sawelah rehing kapti │ Mim ()
iku sikiling suksma │ Nun () tegese ora serik│
6. │Dene ta aksara Wawu (و │ (logate aweh rijeki │ aksara Ehe (ھ(punika │ murade mungkul ing ngaurip │ Lamalip () pan tunggak badan │ Ambyah () roh, Ya (ي (jasad jati│
7. │Tamat papatokanipun │ mungguh wong laku agami │ pan samya angugemana │ dadya agemaning ngelmi │ aweh makmum amanpangat │ temen kataman utami│
8. │Dadi prabot satuhu │ kena minangka sasaring │ sarana saking sarengat │ pepengetaning wong langip │ nadyan ngelangut kaliwat │ lawas-lawas angawruhi│
DOWNLOAD APLIKASI .>> Surya Media Indonesia <<
Ijinkan Instal di handphone saat selesai pengunduhan
BACA JUGA : DAFTAR MENU BACA
Tidak ada komentar